Bahasa Jawa Acara Maulid nabi


Assalamualaikum wr wb.
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin,
Wassholatu Wassalamu ala anbiya’i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main.
La haula wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma ba’du.
Ingkang kawulo hormati Sesepuh pinisepuh,
Ingkang kawulo horamti shohibul bait Sederek………….

Sepindah, monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo ndalu puniko kito sami saget nderek hormat Maulidurrosul, kaleresan ndalu puniko wonten dalemipun Sederek…… kanti mboten wonten alangan setunggal punopo.Amin. Biqoulina AlhamdulillahiRobbil Alamin.

Kaping kalehipun, sholawat salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafa’atul Udma’,amin Allahuma amin, biqoulina Allahuma Sholi ala Syaiyidina Muhammad Wa ala ali syayidina Muhammad.

Sederek sedoyo ingkang kulo hormati,
Keparing ing mriki kulo selaku Pranoto acoro, bade maosaken susunan Acoro ing ndalu puniko :

Sepindah, Iftitahul Majlis.
Kaping Kaleh, Waosan ayat-ayat suci Al Qur’an.
Kaping Tigo, Waosan Al Berjanji lan Sholawat Nabi.
Kaping Sekawan, Waosan Tahlil
Istirahat acoro kaping Gangsal.
Kaping Enem Sambutan-sambutan
Kaping Pitu Pengumuman-pengumuman.
Kaping Wolu Iftitamul Majlis.

Monggo sareng-sareng, ing acoro sepindah puniko kito bika’ kanti waosan Ummul Kitab, mugi-mugi acoro ndalu puniko mlampah kanti sae mboten wonten alangan setunggal punopo. Alaniyah al Fatihah………

Acoro kaping kaleh inggih puniko waosan kalam illahi, ingkang dipun Waos dumateng Sederek…………………Dumateng Sederek……….wekdal soho panggenan kulo haturaken.

Matur nuwun dumateng sederek…… mugi-mugi kanti waosan Kalam Illahi kolo wau, kito sedoyo pinaringanl syafaat Al Qur’an, amin Allahuma amin….

Acoro kaping tigo nun inggih waosan Al Berjanji lan Sholawat Nabi, ingkang dipun waos dumateng Sederek….Dumateng Sederek……wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Matur nuwun dumateng Sederek…… mugi-mugi kito sedoyo pinaringan Syafaat Kanjeng Nabi Muhammad SAW mbenjing wonten ing Yaumil Kiyamah, amin Allahuma amin….

Acoro kaping sekawan inggih puniko waosan Tahlil, ingkang dipun pimpin dumateng Sederek….Dumateng Sederek……wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Matur nuwun dumateng Sederek…… mugi-mugi ahli kubur shohibul bait,lan ahli kubur kito sedoyo pinaringan jembar kuburipun, padang kuburipun, lan sedoyo kalepatanipun dipun ngapunten deneng Allah SWT, amin Allahuma amin….


Acoro kaping Gangsal inggih puniko Istirahat.

Sinambi menikmati hidangan ingkang wonten, acoro kito lajengaken.

Acoro kaping Enem inggih puniko sambutan-sambutan.
Sambutan sepindah sanking Shohibul Bait, ingkang dipun sampe aken dumateng Sederek…. wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng sederek…..kulo aturaken maturnuwun.
Sambutan kaping kaleh sangking wakil Jam’iyah Al Berjanji, ingkang dipun aturaken dumateng Sederek…… wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng sederek…..kulo aturaken maturnuwun.
Acoro kaping pitu inggih puniko Pengumuman- pengumuman, ingkang dipun sampeaken dening sederek….. wekdal soho panggenan kulo sumangga aken.

Dumateng sederek…..kulo aturaken maturnuwun.
Acoro selajengipun inggih puniko penutup, monggo ing acoro puniko kito pungkasi kanti waosan surotul Fatihah, Alaniah Al Fatihah….
Kulo selaku pranoto acoro nyuwun pangapunten ingkang katah, mbok bileh wonten kekhilafanipun anggen kulo matur, wiwit awal ngantos akhir.

Wabillahit Taufiq wal Hidayah,
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

By profil on Senin, 09 Januari 2012 | A comment?
0 responses to “Bahasa Jawa Acara Maulid nabi”

Leave a Reply